ISLAM itu indah-----ISLAM itu sempurna dan ISLAM itu rahmatan lil 'alamin-----JANGAN Hanya menilai ISLAM dari pengikut / umatnya...!-----tapi Nilai lah ISLAM dari ajarannya...!-----Pelajarilah...!-----Jika Tidak Tahu Bertanyalah Pada Ahlinya-----maka anda akan mengetahui betapa menakjubkanya Islam bagi kehidupan manusia

(Ibnul Qoyyim rahimahullah[Ad-Daa' wa ad-Dawaa' 94])

“”

IMAM SYAFI'I MENUTURKAN :

Siapa yang tulus menjalin persaudaraan dengan sahabatnya maka ia akan menerima kesalahan-kesalahannya,, mengisi kekuranagnnya dan memaafkan ketregelincirannya".

RASULULLAH Shalallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Sombong adalah menolak kebenaran dan meremehkan manusia". (HR. Muslim)

RASULULLAH shlallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Seorang Muslim Adalah Bersaudara, Janganlah Mendzolimi, Merendahkan Dan Janganlah Mengejeknya. (HR. Muslim)

RASULULLAH shlallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Barangsiapa yang memudahkan orang yang sedang berada dalam kesulitan, maka Allah akan memudahkannya baik di dunia maupun di akherat". (HR. Muslim)

Imam Syafi'i pernah berkata :

"Aku berangan-angan agar orang-orang mempelajari ilmuku ini dan mereka tidak menisbahkan sedikitpun ilmuku kepadaku selamanya, lalu akupun diberi ganjaran karenanya dan mereka tidak memujiku" (Al-Bidaayah wa An-Nihaayah 10/276)

Ibnul Qayyim (Al Fawaid 1/147)

el kanzu

Kamis, 25 Oktober 2012

Khutbah Idhul Adha 1 Basa Jowo

Judul : Nasehat Dateng Kaum Muslimin
Bab : Kumpulan Khutbah Idhul Adha 1
Dipublikasikan : 25 Oktober 2012


إن الْحَمْد لِلَّه تَعَالَى نَحْمَدُه وَنَسْتَعِيْن بِه وَنَسْتَغْفِرُه وَنَعُوْذ بِاللَّه تَعَالَى مِن شُرُوْر أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَات أَعْمَالِنَا مَن يَهْدِى الْلَّهُ فَلَا مُضِلَ لَه وَمَن يُضْلِل فَلَا هَادِى لَه وَأَشْهَد أَن لَا إِلَه إِلَّا الْلَّه وَحْدَه لَا شَرِيْك لَه وَأَشْهَد أَن مُحَمَّداً عَبْدُه وَرَسُوْلُه
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُواْ اتَّقُواْ اللّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوتُنَّ إِلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ ) آل عمران(
﴿ يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُواْ رَبَّكُمُ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاء وَاتَّقُواْ اللّهَ الَّذِي تَسَاءلُونَ بِهِ وَالأَرْحَامَ إِنَّ اللّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً … ( النساء)
﴿ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا (70) يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا )71 ( ) سورة الأحزاب(
أما بعد:
فإن أصدق الحديث كتاب الله وخير الهدي هدي محمد صلى الله عليه وسلم وشر الأمور محدثاتها وكل محدثة بدعة وكل بدعة ضلالة وكل ضلالة في النار.
sidang jamaah shalat ‘idhul adha ingkang mugi-mugi tansah dipun ramhati dening Allah subhanahu wata’ala,
Perkawes ingkang agung sanget ndadosaken kito slamet saking pasiksanipun Allah subhanahu wata’ala wonten neroko inggih puniko perkawis tauhid, keimanan ingkang leres jumbuh kalian maknanipun. Kalimat thayibah “lailaha illallah”, nitepaken bilih mboten wonten sesembahan ingkang leres dipun ibadahai kejawi namung Allah subhanahu wata’ala,
kados dene nyuwun pangayoman, nyuwun keslametan dumateng dayang, jin lan pangenan-panggenan ingkang dipun kramataken, utawi nyuwun keslametan dumateng arwahipun leluhur, utawi nadzar kangge saklintunipun Allah subhanahu wata’ala. Wonten maleh kesyirikan arupi nggumantungaken  nasib dhumateng ramalan paranormal, andugeni poro dukun supadhos dipun ramal nasibipun, nyuwun cekap rejekinipun, enteng usaha bisnisipun, padhos pasugihan kanthi ngleksanaaken ritual ghoib lan sesaji wonten panggenan ingkang dipun yakini nggadahi berkah, kadhos tiang ingkang sami remen ziarah kuburan wali lan kuburanipun tiang-tiang sholeh kanthi nggadahi keyainan supadhos gesangipun pikantuk kaberkahan.
Kaum muslimin rohimani – rohimakumullah
            Ing riyadin ‘idhul adha puniko monggo kito ndadosaken pelajaran, kita saged nuladhani dhumateng pribadipun Rosul Ibrahim ‘alahis salam lan putronipun Nabi Isma’il ‘alahi wasalam, pawongan ingkang temen jejeg anggenipun ninda,aken tauhid, ngawisi kesyirikan, trisno dumateng ketaatan nggeting dhumateng  tumindak kekufuran. Nabiyullah Ibrhahim ‘alahis salam saestu nggadhahi kesabaran ingkang kuat anggenipun nampi ujian saking Allah ta’ala, sahinggo panjenenganipun dadhos penegak tauhid murni manembah dhumateng Allah ‘azza wajalla.
Sederek kaum muslimin rohimakumullah
            Nabiyullah Ibrahim ‘alahis salam dadhos tepo tulodho, minongko satunggaling bapak ingkang kasil ndidik putranipun ugi garwanipun kanthi tarbiyah islam ingkang ngasilaken pribadi-pribadi ingkang tuhu taat dhumateng Allah subhanahu wata’ala. Puniko kedhah kito contho, kito kedah paring kawigatosan dhumateng keluwargo kito supadhos dadhos keluwargo ingkang nggadahi tauhid ingkang leres.
Jamaah shalad ‘idhul adha rohimani wa rohimakumullah
            Putro puniko saged dadhos penyebab ketentremanipun manah, ananging ugi saged dadhos sebab punjering kesengsaraan. Rikolo tiang sepah gadah putro-putri ingkang shalih lan shalihah, manah saged tentrem, keluargo dadhos keluargo sakinah mawadah wa rohmah. Kosokwangsulipun menawi putra-putri kito puniko medal saking pangugeman syariat islam, mongko poro putra-putri kolowau saged nyusahaken tiyang sepahipun. Lajeng kadhos pundi anggen kito badhe ngukir keturunan ingkang shallih lan shalihah miturut syariat islam.
            Sederek-sederek, supadhos keluwargo kito sakinah, caranipun inggih puniko : milih calon garwo ingkang shalih, sebab istri puniko ingkang badhe ndidik putra-putri kito, ingkang badhe nggulo wentah putra putri kito. Pramilo menawi kaum ibu puniko dadhos wanito shalihah insya Allah badhe saged njagi amanah pendidikan para putro-putri. Kosok wangsulipun menawi ibu mboten tergolong wanito shalihah lajeng pripun piyamba,ipun saged ndindik poro putro-putrinipun? Awit ibu ingkang ashor akhlakipun lan agamanipun, temtu saged nular dhumateng paro putro-putrinipun. Monggo kito estuaken dhawuhipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam:
تُنْكَحُ الْمَرْأَةُ لِأَرْبَعٍ : لِمَالِهَا ، وَلِنَسَبِهَا ، وَلِجَمَالِهَا ، وَلِدِينِهَا ، فَاظْفَرْ بِذَاتِ الدِّينِ تَرِبَتْ يَدَاكَ
Ingkang artosipun:
Wanito iku dinikahi margo 4 (patang) perkoro: margo bandhane, margo nasab keturunane, margo ayune, lan margo agamane,. Mongko pilihen margo agamane, yen ora, siro bakal ciloko.” (HR. Bukhori – Muslim)
            Dadhos menawi poro kakung sami milih istri ingkang shalihah, ing tembe wingkingipun dipun ajeng-ajeng saged ndidik poro putro-putrinipun. Semanten ugi tiyang istri ingkang milih garwo kang shlahih ateges milih bibit kangge putro-putrinipun bibit ingkang sae, lan calon bapak ingkang sae. Semanten ugi poro tiyang sepah ingkang ngersaaken keturunan ingkang sae kedhah sami milih datheng calon mantunipun tiyang-tiyang ingkang sae agaminipun, kedhah islam lan kedhah ingkang taat agaminipun.
Sederek jam’ah shalat ‘idhul adha ingkang minulyo,
            Kito sami kedah emut dhumateng dhawuhipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam:
عن أبي هريرة رضي الله عنه أن رسول الله صلى الله عليه وسلم قال : (( إذا مَات الإنسَانٌ انقطعَ سَائِرُ عَملِهِ إلا مِن ثلاثٍ : صدَقةٍ جاريَةٍ ، أوْ عِلمٍ يُنتفَعُ به ، أوْ ولدٍ صالِحٍ يَدْعوُ لَهُ)) رواه مسلم
“yen manungso wus podho mati, bakal pupus kabeh amale kejobo 3 (telung) perkoro : shodaqoh jariyah, ilmu ingkang manfaat lan anak-anak shalih kang biso ndongakne wong tuwonw: (HR> Muslim)
Ma’asyirol muslimin rohimani wa rohimakumullah
Sak sampunipun kito leres anggenipun milih calon tiyang sepah ingkang andharbeni kakiyatan iman, kito bakal saged netesaken generasi Robbani kanti izin Allah subhanahu wata’ala. Menawi umat islam purun sami ndidik putro-putrinipun kanti pendidikan islam wiwit alit ngantos dewasa, temtu puniko termasuk nindhaaken pitedhaipun Rosulullah shalallahu ‘alaihi wasalam. Rosulullah sampun nedhahaken tuntunan supadhos kito ndidik putro-putri kito nindaaken shalat rikolo anak kito umuripun 7 (pitung) tahun , pramilo dadhos kewajibanipun tiyang sepah mbimbing para putronipun kanti ilmu tata caranipun sholat, lan ilmu-ilmu kewajiban agami sanesipun. Monggo kito mbiasaaken paro putrid-putri kito remen dhumateng Al-Quran dhumateng majlis ta’lim, mirengaken pengaosan agami, midhangetaken pelajaran Al-Quran lan Hadits.
Jama’ah shalat ‘idhul adha rohimakumullah
Perkawis penting ingkang mboten pikantuk kalepyan rikalanipun kito ndidik istri, lan para putro wayah inggih puniko bebeyanipun lingkungan pergaulan, ingkang saged mengaruhi dhumateng pribadi, utamanipun akhlak poro putro-putri kito, kados ngendikane penyair arab:
عنِ المرْءِ لا تَسألْ وسَلْ عن قَرينه #  فكُلُّ قَرينٍ بالمُقَارِنِ يَقْتَدي 
“Bab kepribadiane pawongan iku, ojo siro takon kepriye pribadine? Anging takono sopo konco-koancane?   #   Mongko saben konco srawungane iku akhlake podo karo sing dikancani”
Ma’asyirol muslimin rohimani warohimakumullah
Saestukito kedhah ngendaleni pergaulan poro putro ampun ngantos bergaul kaliyan tiyang-tiyang ingkang awon agaminipun. Kalebet ugi pengaruh saking meneko warno tontonan ingkang ngrisak agami, kadhos dene televisi ingkang nyiaraken tayangan ngeblingeraken masyarakat kanti aqidah ingkang risak, lan kanti akhlak ingkang awon. Kito ugi kedhah njagi poro putro kito saking waosan ingkang risak kados majalah-majalah pornografi, ramalan bintang. Mistik lan sakpanunggalanipun, monggo kito doyo-doyo ngupoyo lan dedungo supados keluargo kito dadhos keluarda ingkang sae, saestu ngigemi pitedhah syariat islam saking Al-Quran lan Al-Hadits, tebih saking bolo bencono ingkang nglunturaken imanipun. Monggo kito remen nyinau AL-Quran lan Al-Hadits, kito makmuraken masjid wonten kampung kito kanthi berjamaah, kanti nggelar pengaosan ngundang poro ustadz ingkang estu-estu ngajaraken ilmu-ilmu agami, supadhos manah kito gesang, lan semangat kito gesang, lan pribadi kito saged ningkat iman lan ketaatanipun dhumateng Allah ‘Azza wajalla. Mugi Allah subhanahu wata’ala ndadosaken pribadi-pribadi kito lan keluargo kito sedoyo dadhos pribadi ingkang luhur. Kiyat iman lan taatipun dhumateng Allah subhanahu wata’ala lan angsal kamulyan wonten gesang ing dunyo dumugi akherot,,, amiin
عباد الله، ألا فصلوا وسلموا على خاتم النبيين وإمام المتقين، فقد أمركم بذلك الربّ الكريم فقال سبحانه قولاً كريما: إِنَّ ٱللَّهَ وَمَلَـٰئِكَـتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى ٱلنَّبِىّ يٰأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءامَنُواْ صَلُّواْ عَلَيْهِ وَسَلّمُواْ تَسْلِيمًا.  الأحزاب:56
اللهم صل وسلم على عبدك ورسولك ونبينا محمد صلى الله عليه وسلم
اللهم اقسم لنا من خشيتك ما تحول به بيننا و بين معاصيك، و من طاعتك ما تبلغنا به جنتك، و من اليقين ما تهون به علينا مصائب الدنيا، اللهم متعنا بأسماعنا، و أبصارنا، وقوتنا ما أحييتنا، و اجعله الوارث منا، و اجعل ثأرنا على من ظلمنا، و انصرنا على من عادانا، و لا تجعل مصيبتنا فى ديننا، و لا تجعل الدنيا أكبر همنا، و لا مبلغ علمنا، و لا تسلط علينا من لا يرحمنا
ربنا أتنا في الدنيا حسنة و في الأخرة حسنة وقنا عذاب النار
وصلى الله على النبينا محمد النبي الأمي وعلى أله وصحبه أجمعين، و الحمد لله الرب العالمين

Bulu, Sukoharjo City
el-sanawy

Senin, 15 Oktober 2012

Berbaik Sangkalah Kepada Allah

 
مَا كُلُّ ما يَتمنَّى المْرءُ يُدْرِكُه  #  تَجْرِي الرَّياحُ بِما لَا تَشْتهِي السُّفنُ

 "tidak semua yang di harapkan dan diinginkan manusia itu kan terpenuhi  #
sebagaimana arah angin yang tak selalu searah dengan keinginan perahu layar        "

(((((((( translator : asnawi )))))))

Recent Post