ISLAM itu indah-----ISLAM itu sempurna dan ISLAM itu rahmatan lil 'alamin-----JANGAN Hanya menilai ISLAM dari pengikut / umatnya...!-----tapi Nilai lah ISLAM dari ajarannya...!-----Pelajarilah...!-----Jika Tidak Tahu Bertanyalah Pada Ahlinya-----maka anda akan mengetahui betapa menakjubkanya Islam bagi kehidupan manusia

(Ibnul Qoyyim rahimahullah[Ad-Daa' wa ad-Dawaa' 94])

“”

IMAM SYAFI'I MENUTURKAN :

Siapa yang tulus menjalin persaudaraan dengan sahabatnya maka ia akan menerima kesalahan-kesalahannya,, mengisi kekuranagnnya dan memaafkan ketregelincirannya".

RASULULLAH Shalallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Sombong adalah menolak kebenaran dan meremehkan manusia". (HR. Muslim)

RASULULLAH shlallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Seorang Muslim Adalah Bersaudara, Janganlah Mendzolimi, Merendahkan Dan Janganlah Mengejeknya. (HR. Muslim)

RASULULLAH shlallahu 'alaihi wasalam bersabda :

"Barangsiapa yang memudahkan orang yang sedang berada dalam kesulitan, maka Allah akan memudahkannya baik di dunia maupun di akherat". (HR. Muslim)

Imam Syafi'i pernah berkata :

"Aku berangan-angan agar orang-orang mempelajari ilmuku ini dan mereka tidak menisbahkan sedikitpun ilmuku kepadaku selamanya, lalu akupun diberi ganjaran karenanya dan mereka tidak memujiku" (Al-Bidaayah wa An-Nihaayah 10/276)

Ibnul Qayyim (Al Fawaid 1/147)

el kanzu

Senin, 26 Desember 2022

Dzikir Ing Wekdal Enjing (bag-1)

Dzikir fajar
Dipun waos kaping setunggal

أَصْبَحْنَا وَأَصْبَحَ الْمُلْكُ لِلَّهِ، وَالْحَمْدُ لِلَّهِ، لاَ إِلَـٰهَ إِلاَّ اللَّهُ، وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، لَهُ الْمُلْكُ وَلَهُ الْحَمْدُ وَهُوَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبِّ أَسْأَلُكَ خَيْرَ مَا فِيْ هَـٰذَا الْيَوْمِ وَخَيْرَ مَا بَعْدَهُ، وَأَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّ مَا فِيْ هَـٰذَا الْيَوْمِ وَشَرِّ مَا بَعْدَهُ، رَبِّ أَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْكَسَلِ وَسُوْءِ الْكِبَرِ، رَبِّ أَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابٍ فِي النَّارِ وَعَذَابٍ فِي الْقَبْرِ

Ash-bahnaa wa ash-bahal mulku lillaah, wal hamdulillaah, laa ilaaha illallaah, wahdahu laa syariika lah, lahul mulku wa lahul hamd, wa huwa 'alaa kulli syai-in qodiir. Robbi as-aluka khoiro maa fii haadzal yaumi wa khoiro maa ba'dahu, wa a'uudzu bika min syarri maa fii haadzal yaumi wa syarri maa ba'dahu, robbi a'uudzu bika minal kasali wa suu-il kibar, robbi a'uudzu bika min 'adzaabin fin-naari wa 'adzaabin fil qobr.

Kawulo sampun lumebet ing wanci fajar, kanarendran namung kagunganipun Gusti Allah, sadoyo pangalembono namung kagem Allah, mboten wonten sesembahan ingkang kagungan hak dipun sembah kajawi namung Allah ingkang moho tunggal. Tanpo tandingan kagem panjenenenganipun. Tumprap panjenenganipun kanarendran lan kagem panjenenganipun pangalembono. Lan panjenenganipun langkung kuaos saking sedayanipun. Duh gusti kulo nyuwun dumateng Panjenengan kasaenan ing dinten meniko lan sak sampunipun. Kawulo angayom dateng Paduko saking keawonan ing dinten meniko lan keawonan ing dinten sak sampunipun. Kawulo angayom daten Paduko saking sipat lumuh tuwin sipat awon ing mongso sepuh. Duh Gusti Allah kawulo angayom dateng Paduko saking pasiksan neroko lan pasiksan kubur.
📗HR. Muslim (Sabdo Nabi dipun riwayataken dening: Muslim)



📝Dipun terjemahanken dening panjenenganipun Romo Ramudi

🖊️Dipun serat kalian Pak'e Bila


✍🏼MHA El kanzu
🏡 Nangkas - Jogorogo - Ngawi - JATIM Indonesia Raya 🇮🇩
⌚ 05 : 41 WIB
📝 13 Sya'ban 1443 H / 17 Maret 2022 M



Dzikir Ing Wekdal Enjing (bag-4)

Dzikir fajar

Dipun waos 3x

اَللَّهُمَّ عَافِنِيْ فِيْ بَدَنِيْ، اَللَّهُمَّ عَافِنِيْ فِيْ سَمْعِيْ، اَللَّهُمَّ عَافِنِيْ فِيْ بَصَرِيْ، لاَ إِلَـٰهَ إِلاَّ أَنْتَ. اَللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوْذُ بِكَ مِنَ الْكُفْرِ وَالْفَقْرِ، اَللَّهُمَّ إِنِّي أَعُوْذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ، لاَ إِلَـٰهَ إِلاَّ أَنْتَ

Allaahumma 'aafinii fii badanii, allaahumma 'aafinii fii sam'ii, allaahumma 'aafinii fii bashorii, laa ilaaha illaa anta. Allaahumma innii a'uudzu bika minal kufri wal faqr, allaahumma innii a'uudzu bika min 'adzaabil qobr, laa ilaaha illaa anta.

Ke empat


Duh Gusti,,, panjenengan slametaken jasad kawulo sangking penyakit ingkang mboten kawulo kajengaken, duh Gusti panjenengan slametaken pamireng Kulo sangking penyakit lan maksiat utawi samukawis ingkang mboten kawulo kajengaken duh Gusti panjenengan slametaken paningal kawulo, mboten wonten sesembabah ingkang gadahi hak dipun sembah kejawi namung paduko, duh Gusti sejatosipun kawulo angayom dumateng paduko sangking sifat kacidran lan kanistan, duh Gusti kawulo angayom dumateng paduko saking sikso kubur mboten wonten sesembahan ingkang gadahi hak dipun sembah kejawi namung paduko

📗 HR. Abu Dawud (Sabdo nabi dipun riwayataken dening : Abu Dawud)



📝Dipun terjemahanken dening panjenenganipun Romo Ramudi

🖊️Dipun serat kalian Pak'e Bila 


✍🏼MHA El kanzu

🏡 Nangkas - Kendal - Ngawi - JATIM Indonesia Raya 🇮🇩

⌚ 05 : 30 WIB

📝 03 Jumadil Akhir 1443 H / 27 Desember 2022 M


Dzikir Ing Wekdal Enjing (bag-3)

Dipun waos kaping sepindah

اَللَّهُمَّ أَنْتَ رَبِّيْ، لاَ إِلَـٰهَ إِلاَّ أَنْتَ، خَلَقْتَنِيْ، وَأَنَا عَبْدُكَ، وَأَنَا عَلَى عَهْدِكَ وَوَعْدِكَ مَا اسْتَطَعْتُ، أَعُوْذُ بِكَ مِنْ شَرِّ مَا صَنَعْتُ، أَبُوْءُ لَكَ بِنِعْمَتِكَ عَلَيَّ، وَأَبُوْءُ لَكَ بِذَنْبِيْ، فَاغْفِرْ لِيْ، فَإِنَّهُ لاَ يَغْفِرُ الذُّنُوْبَ إِلاَّ أَنْتَ

Allaahumma anta robbii, laa ilaaha illaa anta, kholaqtanii, wa anaa 'abduka, wa anaa 'alaa 'ahdika wa wa'dika mas-tatho'tu, a'uudzu bika min syarri maa shona'tu, abuu-u laka bini'matika 'alayya, wa abuu-u laka bi-dzanbii, faghfir lii, fa-innahu laa yagh-firudz-dzunuuba illaa anta.

Duh Gusti Allah paduko nggihpuniko pangeran Kulo mboten wonten sesembabah ingkang gadahi hak dipun sembah kejawi namung paduko, paduko ingkang nyiptaaken badan kawulo, Kawulo minongko makhluk paduko, Kawulo Bade Prasetiyo dumateng kesanggeman Kulo dumateng paduko sak gaduk kulo, kawulo angayom dumateng paduko sangking sifat awon ingkang kawulo lampahi, kawulo ngakeni nikmat saking paduko dumateng Kawulo, lan kawulo ngakeni duso ingkang kawulo lampahi pramilo saking meniko kawulo nyuwun pangapunten, sejatosipun mboten wonten ingkang saget ngapunten duso kejawi namung paduko.
📗HR. Al Bukhari  (Sabdo Nabi dipun riwayataken dening : Bukhari)



📝Dipun terjemahanken dening panjenenganipun Romo Ramudi

🖊️Dipun serat kalian Pak'e Bila

✍🏼MHA El kanzu

🏡 Dadapan - Kendal - Ngawi - JATIM Indonesia Raya 🇮🇩

⌚ 19 : 55 WIB

📝 02 Jumadil Akhir 1443 H / 26 Desember 2022 M


Recent Post