ISLAM itu indah-----ISLAM itu sempurna dan ISLAM itu rahmatan lil 'alamin-----JANGAN Hanya menilai ISLAM dari pengikut / umatnya...!-----tapi Nilai lah ISLAM dari ajarannya...!-----Pelajarilah...!-----Jika Tidak Tahu Bertanyalah Pada Ahlinya-----maka anda akan mengetahui betapa menakjubkanya Islam bagi kehidupan manusia

Minggu, 17 Maret 2013

Khutbah Idhul Adha 2 basa Jowo

Judul : Pelajaran Saking Nabi Ibrahim
Bab : Khutbah Idhul Adha 2
Dipublikasikan : 17 Maret 2013

>>>>>>>>

Para sederek Kaum Muslimin  Muslimat, Rahimakumullah.
Minangka purwakaning atur mangga kita sesarengan ngunjukaken syukur dateng ngarsa dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpa kawical wical, langkung langkung rahmat kawilujengan lan yuswa panjang dateng kita sedaya , sahingga enjang punika kita tasih saget menangi malih dinten riyaya Iedul Adha, lan saget makempal ing masjid punika kanti tanpa manggih rubeda satunggal punapa. 
Saklajengipun keparenga kula ngajak dateng awak kula piyambak lan panjenengan sedaya, mangga tansah sami netepi taqwa lan ajrih dateng Allah ing sakdengah kawontenan, sami ugi wonten ing kawontenan bingah utawi sisah, longgar jembar utawi rupeg, kawontenan rame utawi sepi, terang terangan utawi sesideman,  kanthi tansah  nindakaken perintah lan nebihi sedaya cegah lan awisanipun Allah, supados kita tansah pinaringan kabegjan  dunya ngantos akhirat saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala ,  Kados dawuhipun Allah

إِنَّ اللَّهَ مَعَ الَّذِينَ اتَّقَوْا وَالَّذِينَ هُمْ مُحْسِنُونَ
"Temenan Allah iku tansah anyertani wong kang pada taqwa lan wong wong kang pada agawe becik” . (QS. An Nahl :128).
Jama'ah shalat Idhul Adha ingkang minulyo
Wekdal puniko kita taksih wonten ing nuansa bulan zhulhijah inggih nuansa wulan riyaya haji, sakwetawis monggo kita mendet ibrah saking kisahipun kluarga Nabi Ibrahim 'Alaihissalam. 
Pangorbanan ageng saking Nabiyullah Ibrahim Alaihis salam kados ingkang kasebat ing Al-Qur’an, punika mboten namung sekedar minangka sejarah lan carios kemawon, ananging dados tulada tumrap kita sedaya. Nalika panjenenganipun pinaringan pacoben dening Allah, supados nyembelih putranipun inggih Nabi Ismail Alaihis salam, dawuh kasebat katampi kanti sabar  lan ridla, saha katindakaken kanthi ikhlas murih karidlan saking ngarsa dalem Allah.
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Mangga sak wetawis kita gatosaken menggah ingkang putra, pun Nabi Ismail Alaihis salam, Panjenenganipun ngrupekaken patuladan ingkang kedah dipun damel kiblat dening para putra remaja lan pemuda. Panjenenganipun satunggaling putra ingkang sholih lan bektos dateng tiyang sepuh. Kanti sabar lan ridla nampi qadla ipun Allah, sahingga ikhlas lila legawa berqurban nyembadani dawuhipun ingkang rama, sinaosa kedah nyawa ingkang namung setunggal setunggalipun ingkang kedah dipun qurbanaken. Nabi Ismail tanpa suwala, kanti tawakkal lan tatag manahipun matur dateng ingkang rama:
 
 قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللهُ مِنْ الصَّابِرِينَ
 “Duh Kanjeng Rama, sumangga kawula aturi enggal nindakaken menapa ingkang kadawuhaken dumateng Rama, Insya Allah Rama bade manggihaken kawula kalebet golonganipun tiyang tiyang ingkang sami sabar”
 (Ash Shaffat 102)
       Inggih wujudipun putra ingkang setya tuhu mbangun miturut dateng tiyang sepuh, ikhlas lan ridla labuh labet dateng agami, nadyan kedah ngorbanaken jiwa. Ngaten punika, ingkang kawastanan putra ingkang sholih, ingkang dados kekudanganipun saben saben tiyang sepuh. Putra ingkang mekaten kedah kadamel tulada tumrap para putra remaja lan pemuda, minangka putra lan generasi ingkang sholih lan sholihat. Lajeng wonten pitakenan tumrap kito sedoyo inggih puniko 
       Punopo ketulusan lan ketaatanipun Nabi Ismail Alaihissalam netepi perintah Agami lan tiyang sepuh sampun kapraktekkaken tumrap para pemuda ing zaman puniko?? Inggih Alloh lan diri pribadi kito ingkang langkung mangertosi. 

Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah, 
Mbok bilih inggih namung  kanti pangorbanan ingkang ageng, kabahagyianing gesang punika bade saget dipun gayuh, kasebat ing setunggaling pangandikan ingkang mengku hikmah

لَنْ تنُاَلَ الْعِزَّةُ إِلاَّ بِمُرُوْرِ الْبَلِيَّةِ
ora bakal kagayuh kamulyan, kejaba kanti ngliwati sengsaraning pangurbanan”
Ananging pangorbanan punika kedah kanti linandesan keyakinan iman lan i’tikad ingkang kiyat, jalaran pangorbanan ingkang tanpa kadasaraken dateng keimanan tentu namung bade siya-siya  muspra tanpa tanja. Allah sampun paring dawuh :
وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلا أَوْلادُكُمْ بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِنْدَنَا زُلْفَى إِلاَّ مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحاً فَأُوْلَئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ آمِنُونَ
“Dudu banda banda lan anak anak ira kabeh kang bisa nyaketake sira marang Ingsun senajan sithik wae, kejaba wong kang iman lan ngamal sholih,  iya  wong wong kang kaya mengkono iku kang bakal merkoleh piwale skang tikel-matikel, sebab olehe pada ngamal wong wong mahu, lan wong-wong mahu bakal sentosa ing panggonan kang luhur” (As Saba’ 37).
Ma’asyiral Muslimin wal Muslimat rahimakumullah,

Panjenenganipun Nabi Ibrahim minangka jejering tiyang sepuh, ingkang wicaksana lan wibawa, ugi ta’at lan patuh, kanti ikhlas lan ridla mundi dawuhipun Allah, sinaosa kedah ngorbanaken putra. Nabi Ibrahim setya dateng garwa, lan tresna dateng putra, tabah lan tawakkal nampi kasunyatan pacobenipun Allah.
Ismail minangka putra ingkang sholih, tha’at ngestokaken dawuhipun Allah  Pangeranipun, bektos lan mbangun miturut dateng tiyang sepuh.
Lajeng wonten pitakenan punopo rahasia kesuksesan Nabi Ibrahim As ingkang saget ndidik Putranipun Ismail  ingkang setio tuhu, menawi kito maos Al-Qur’an kito bade manggihi kunci suksesipun: 

1. Do’a ingkng tansah dipun panjataken Nabi Ibrahim
رَبِّ هَبْ لِي مِنَ الصَّالِحِينَ (الصافات 100)
Ya Alloh karuniaken dumateng kulo keturunan ingkang shalih
Doa kolo wau dipun panjataken Nabi Ibrahim tebeh sak derengipun nikah,beliau nyuwun dumateng Allah Anak ingkang shalih, mboten nyuwun anak ingkang sugih, berjabat, cendikiawan ananging nyuwun anak ingkang shalih. Sahingga dumateng para para sederek kita ingkang cerak dating usia pernikahan monggo nyuwun dumateng Alloh kados doa nipun nabi Ibrahim kolo wau, lajeng dumateng pasangan suami istri ingkang istrinipun nembe hamil katah-katahaken nyuwun dateng Allah anak ingkang Shalih, ingkang do’a anak shalih puniko gadahi manfaat engkang ageng kagem tiang sepuhipun benjang ing alam kubur. Sahinggo mugi keparingn putra ingkang kados Nabi Ismail As.
Rasulullah bersabda: بِرُّوْا آبَاءَكُمْ تَبِرُّكُمْ أبْنَاؤُكُمْ (الطبرانى عن ابن عمر) 
Berbaktilah kepada orang tuamu niscaya anakmu akan berbakti kepadamu
 
2. Kepedulian Nabi Ibrahim as dateng  pendidikan anak-anakipun
Dalam al-Quran diceritakan:
وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنِي وَبَنِيَّ أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ (إبراهيم 35)
Dan (ingatlah), ketika Ibrahim berkata: "Ya Tuhanku, jadikanlah negeri ini (Mekah), negeri yang aman, dan jauhkanlah aku beserta anak cucuku daripada menyembah berhala-berhala.
وَوَصَّى بِهَا إِبْرَاهِيمُ بَنِيهِ وَيَعْقُوبُ يَا بَنِيَّ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَى لَكُمُ الدِّينَ فَلاَ تَمُوتُنَّ إَلاَّ وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ (البقرة 132)
Dan Ibrahim telah mewasiatkan ucapan itu kepada anak-anaknya, demikian pula Ya`qub. (Ibrahim berkata): "Hai anak-anakku! Sesungguhnya Allah telah memilih agama ini bagimu, maka janganlah kamu mati kecuali dalam memeluk agama Islam
Ayat-ayat kolo wau paring bukti bilih perhatianipun Nabi Ibrahim As dumateng pendidikan anak-anakipun, beliau mboten lilo menawi putranipun bodo utawi wonten jalur pendidikan ingkang klintu. Ampun ngantos jalaran ekonomi utawi alas an pekerjaan kita mengabaikan pendidikan Anak. Punopo ken putro wayah sampun ngamalaken ajaran Agami? Punopo sampun tiang sepuh paring tulodo ingkang sae tumrap putra putrinipun? Menawi dereng bersiaplah nampi pacoben Allah kanti dalan Putra purinipun.
Kedah dipun mangertosi bilih pendidikan ingkang sepindah lan utami inggih puniko pendidikan Agami, lajeng pendidikan pendukungipun inggih puniko pendidikan umum.
3. Kepedulian Ibrahim dumateng kesejahteraan anak lan keluarga
Nabi Ibrahim as puniko sosok seorang bapak ingkang sae, lan suami bertanggung jawab. Demi membahagiakan keluarganipun, Nabi Ibrahim as rela merantau ribuan kilometer dari Palestina ke Mesir, lan meniko dipun tindakkaken berkali-kali sanaoso kondisi alam ingkang tandus lan panas. Kados diungkapaken wonten doa Nabi Ibrahim as: 
رَّبَّنَا إِنِّي أَسْكَنتُ مِن ذُرِّيَّتِي بِوَادٍ غَيْرِ ذِي زَرْعٍ عِندَ بَيْتِكَ الْمُحَرَّمِ رَبَّنَا لِيُقِيمُواْ الصَّلاَةَ فَاجْعَلْ أَفْئِدَةً مِّنَ النَّاسِ تَهْوِي إِلَيْهِمْ وَارْزُقْهُم مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَشْكُرُونَ (إبراهيم 37)
Ya Tuhan kami, sesungguhnya aku telah menempatkan sebahagian keturunanku di lembah yang tidak mempunyai tanam-tanaman di dekat rumah Engkau (Baitullah) yang dihormati, ya Tuhan kami (yang demikian itu) agar mereka mendirikan shalat, maka jadikanlah hati sebagian manusia cenderung kepada mereka dan beri rezkilah mereka dari buah-buahan, mudah-mudahan mereka bersyukur.
Rasulullah menyatakan bilih tiang ingkang kerja keras kagem ngais rezkiningkang halal kagem kluarga, dipun nilai Allah dados shadaqah ingkang inggil bahwa seseorang yang bekerja keras guna mencari rizki yang halal untuk keluarga, dinilai oleh Allah sebagai sadaqah yang tertinggi. Dalam hadis beliau bersabda:
وَدِينَارٌ أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ ، أعْظَمُهَا أجْراً الَّذِي أنْفَقْتَهُ عَلَى أهْلِكَ . رواه مسلم .995
Satu dinar dari harta yang engkau nafkahkan untuk keluargamu merupakan pahala yang paling besar di sisi Allah
Kito sedoyo selaku kaum muslimin ampun ngantos putus asa, sebalikipun kito kedah bangkit singsingkan lengan kagem natap hari esok kanti penuh optimisme lan harapan langkung sae. Ampun kito supe dateng firman Allah:
فَإِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (5) إِنَّ مَعَ الْعُسْرِ يُسْرًا (6) فَإِذَا فَرَغْتَ فَانصَبْ (7) وَإِلَى رَبِّكَ فَارْغَبْ (8)
(5) Karena sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (6). sesungguhnya sesudah kesulitan itu ada kemudahan, (7) Maka apabila kamu telah selesai (dari sesuatu urusan), kerjakanlah dengan sungguh-sungguh.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhnDnwhlTOTr0w28h9o3OQYgMMGRwHVhtLV6XpESddy_nSxHuMREg-T22Mc1sv8mUXoImkt8WsmsRaUmh28mXyiKQMvaVm1bix5RQGtDEwqn_C3s2Px0ZJBeKas7_RnHN2zZAr8VEN6p9IW/s1600/qurban.pngKhutbah 2
إِنّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ

Kaum muslimin ingkang minulyo
 Menawi kita sedaya, Bapak, Ibu lan putra saget ngalap piwucal lan tulada dateng keluarga Nabi Ibrahim punika, Insya Allah kita sedaya ugi bade kaparingan rahmat lan maghfirah saking ngarsa dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken keluarga ingkang sakinah manggih kabegjan   dunya ngantos akhirat. Amin.
اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلَى مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌاَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اْلأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنْفُسَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْعَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ اْلأَبْرَارِ. رَبَّنَا لاَ تُؤَاخِذْنَا إِنْ نَّسِيْنَا أَوْ أَخْطَأْنَا، رَبَّنَا وَلاَ تَحْمِلْ عَلَيْنَا إِصْرًا كَمَا حَمَلْتَهُ عَلَى الَّذِيْنَ مِن قَبْلِنَا، رَبَّنَا وَلاَ تُحَمِّلْنَا مَالاَ طَاقَةَ لَنَا بِهِ، وَاعْفُ عَنَّا وَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا أَنتَ مَوْلاَنَا فَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِيْنَ

اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ بِأَنَّا نَشْهَدُ أَنَّكَ أَنْتَ اللهُ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ يَا حَيُّ يَا قَيُّوْمُ يَا ذَاالْجَلاَلِ وَالإِكْرَامِ
 يَامُصَرِّفَ الْقُلُوْبِ صَرِّفْ قُلُوْبَنَا إِلَى طَاعَتِكَ اللَّهُمَّ يَامُقَلِّبَ الْقُلُوْبِ ثَبِّتْ قُلُوْبَنَا عَلَى دِيْنِكَ   
اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِيْنَنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ  أَمْرِنَا وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيْهَا مَعَاشُنَا وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِيْ إِلَيْهَا مَعَادُنُا
وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلّ خَيْرٍ وَالْمَوْتَ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ اللَّهُمَّ تَقَبَّلْ مِنَّا صِيَامَنَا وَقِيَامَنَا وَأَعِدْ عَلَيْنَا مِنْ بَرَكَاتِ هَذَا الْيَوْمِ

رَبِّ اجْعَلْ هَذَا الْبَلَدَ آمِنًا وَاجْنُبْنَا وَبَنِيْنَا أَن نَّعْبُدَ الأَصْنَامَ
رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
 Bulu, Sukoharjo City
el-sanawy

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Post