ISLAM itu indah-----ISLAM itu sempurna dan ISLAM itu rahmatan lil 'alamin-----JANGAN Hanya menilai ISLAM dari pengikut / umatnya...!-----tapi Nilai lah ISLAM dari ajarannya...!-----Pelajarilah...!-----Jika Tidak Tahu Bertanyalah Pada Ahlinya-----maka anda akan mengetahui betapa menakjubkanya Islam bagi kehidupan manusia

Senin, 30 Maret 2015

Wejangan Pini Sepuh

Monggo podho di woco :
"WEJANGAN PINI SEPUH"

��Rejeki iku ora iså ditiru....,
Senajan pådå lakumu,
Senajan pådå dodolanmu,
Senajan pådå kerjåmu,

��Hasil sing ditåmpå bakal bedå2....,
Iså bedå nèng akèhé båndhå,
Iså ugå ånå nèng Råså lan Ayemé ati,
Yåaa iku sing jenengé bahagia....

❄Kabèh iku såkå tresnané  Gusti kang måhå kuwåså.....,
Såpå temen bakal tinemu,
Såpå wani rekåså bakal gayuh mulyå.
Dudu akèhé, nanging berkahé kang dadèkaké cukup lan nyukupi.....

��*Wis ginaris nèng takdiré menungså yèn åpå sing urip kuwi wis disangoni såkå sing kuwåså,  Dalan urip lan pangané wis cemepak cedhak kåyå angin sing disedhot bendinané....,

☀Nanging kadhang menungså sulap måtå lan peteng atiné, sing adoh såkå awaké katon padhang cemlorot ngawé-awé,

��Nanging sing cedhak nèng ngarepé lan dadi tanggung jawabé disiå-siå kåyå orå duwé gunå.

☔*Rejeki iku wis cemepak såkå Gusti, ora bakal kurang anané kanggo nyukupi butuhé menungså såkå lair tekané pati...., 

��Nanging yèn kanggo nuruti karep menungså sing ora ånå watesé, rasané kabèh cupet, nèng pikiran ruwet, lan atiné marahi bundhet.

��*Welingé wong tuwå, åpå sing ånå dilakoni lan åpå sing durung ånå åjå diarep-arep, semèlèhké atimu, yèn wis dadi duwèkmu bakal tinemu, yèn ora jatahmu,
⚡åpå maneh kok ngrebut såkå wong liyå nganggo cårå sing ålå, yå dientèni waé, iku bakal gawé uripmu lårå, rekåså lan angkårå murkå sak jeroning kaluwargå, kabeh iku bakal sirnå balik dadi sakmestiné.

��*Yèn umpåmå ayem iku mung biså dituku karo akèhé båndhå dahnå rekasané dadi wong sing ora duwé.

��Untungé ayem isà diduwèni såpå waé sing gelem ngleremké atiné ing bab kadonyan, seneng tetulung  marang liyan, lan pasrahké uripé marang ALLAH 'azza wajalla........

#copas# group ahlus sunnah purworejo, status ustadz aris munandar

0 komentar:

Posting Komentar

Recent Post